Tuesday, January 6, 2009

45. Cara HRD Yogya Nolak Pelamar Kerja

Cara HRD Yogja menolak pelamar kerja


Dalam suatu interview kerja di Yogyakarta ,

G : Kowe nduwe omah opo ora.....? [kamu sudah punya rumah atau belum?]
A : dereng.... [belum.....]
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene [wah.. kamu ndak bisa ketrima di sini]
a : Lho kok ngaten...... ..? [lho kok begitu...??? ]
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. [Nanti kamu pasti ngajuin utang ke perusahaan.. .]
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.[ah...ndak kok, sebenernya orang tua saya sudah kaya raya....]
G : Yo malah ora ketompo .....[ooo malah ndak ketrima...]
a : Lho kok ngaten.....? [lho kok begitu....?]
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae. [Nanti kamu kerja cuman buat hiburan, cuman nongkrang-nongkrok thok... #@*!]



------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

G : Kowe nduwe motor opo ora....? [Kamu punya motor ndak...?]
b : Mboten. ....[tidak punya....]
G : Ora ketompo ....[Tidak diterima.... .]
b : Lho kok mboten ketompo ? ....[lho kok ndak ketrima...?? ?]
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. ...[Nanti kamu pasti minta bantuan kredit...]
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki. [Sebenernya punya, cuman masih di kampung, gampang nanti saya bawa kesini...]
G : Wah malah ra ketompo.... [Wah....malah ndak diterima...]
b : lho kok ngoten .........[lho kok begitu..???]
G : Tempat parkire wis ra cukup. [Tempat parkirnya udah penuh.....]
------------------------------------------------------------------------------------------------------------------


G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....? [Bener kamu udah lulus sarjana?]
c : sampun pak.... [Sudah, Pak....]
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré
murah. [gak diterima, di sini cari yang cuman lulusan SMA aja, lebih nurut dan
biar bayarnya murah....]
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi. [sebenernya saya masih belum kelar skripsi...]
G : Malah ora ketompo..... [lebih ndak diterima...]
c : Lho kados pundi to....? [lha gimana sih......?]
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo. [Nanti kamu kerja cuman ngetik skripsi, dan nanti kalo udah lulus pasti nyari kerja di tempat laen........ .]



------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

G : Kowé seneng guyon opo ora ? [Kamu suka becanda nggak?]
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé. [Tidak, Pak. Saya serius kalo kerja.]
G: Ra ketompo..... [Tidak diterima.... ]
d : waa......kok ngoten? [waa....kok gitu?]
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. [Nanti temen-temenmu dan anak buahmu pada stress..]
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon. [Sebenernya ya, sedikit-sedikit suka becanda....]
G: Malah ora ketompo. [Malah ndak diterima.... ]
d : Lho kok...... [lho kok..??]
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu....... [Nanti kamu cumin e-mail-emailan yang lucu...]

No comments: